Kendal kaline wungu
Ajar kenal karo aku
Lelene mati digepuk
Gepuk nganggo walesane
Suwe ora pethuk, ati sida remuk
Kepethuk mung suwarane
Ee ya e ya e
Ee ya e ya e ya e ya e
Jangkrik genggong, jangkrik genggong
Luwih becik omong kosong
Semarang kaline banjir
Ja sumelang ra dipikir
Jangkrik upas aba ning tangga
Malumpat ning tengah jogan
Wis watake Priya, jare ngaku setya
Tekan ndalan selewengan
Ee ya e ya e
Ee ya e ya e ya e ya e
Jangkrik genggong, jangkrik genggong
Wani nglirik sepi uwong
Baca Juga:BMKG: Semarang Berpotensi Diguyur Hujan Ringan Sepanjang Hari
Nyen ngetan bali ngulon
Tiwas edan ra kelakon
Yen ngrujak ngrujako nanas
Ojo ditambahi kweni
Kene tiwas nggagas, awak adempanas
Jebul ono sing nduweni
Ee ya e ya e
Ee ya e ya e ya e ya e
Jangkrik genggong, jangkrik genggong
Sampun cakep moso borong.
Kontributor : Dinar Oktarini